Sesorah Basa Jawa

Assalamualaikum wr.wb
Dumateng bapak kepala sekolah ingkang kula hormati

Dumateng bapak /ibu guru ingkang kula hormati

Dumateng rencang-rencang kelas  X  dumugi kelas  XII  ingkang kula tresnani

            Langkung rumiyin mangga puji syukur kita unjukaken dumateng ngarsa dalem Gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring mapinten-pinten hidayah, kanikmatan,kasarasan saengga wonten ing wanci punika kita saged makempal wonten ing papan punika. Shalawat saha salam ugi tansah kajiwa kasalira dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW lan sedaya kaluarga, sahabat lan sedaya penderekipun ingkan kita antuk-antuk syafaatipun wonten ing yaumul kiamah. Allahuma amin. Boten kesupen ugi kula ngaturaken agunging panuwun dumateng pranatacara ingkang sampun kersa maringi wekdal kangge kula, ingkang saperlu badhe matur sekedhik hamakili sedaya siswa kelas X lan XI. Kangge cekat-ceketing wekdal kula badhe matur, bok bilih salebetipun kula sarencang pasrawungan dumateng siswa kelas XII sae menika solah bawa, tata basa ingkang boten mranani  penggalihipun  siswa kelas XII. Kula sarencang nyuwun pangapunten ingkang tanpa upami, awit sedaya wau kirangipun seserepan kula sarencang ingkang nembe dumugi semanten. Mugi-mugi siswa kelas XII kepareng nglumunturaken samudra pangapunten  dumateng kula sarencang . kula sarencang ing mriki namun saged dongakaken  mugi-mugi saklulusipun panjenengan sedaya saking  mriki sageda dados tiyang ingkang  utama lan  saged gayuh menapa ingkang dados penggayuhipun panjenengan sami.
            Mekaten ingkang saged kula aturaken , wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun pangapunten .
Wassalamualaikum wr.wb.